Wednesday, 6 April 2016

Obat Sakit Mati Rasa & Lupa Ingatan

"Nang daerah Kenjeran, ono klinik jenenge klinik TONGPES. Nang kono ditulisi, sopo ae sing berobat gak waras, duwite dibalekno sampek 5 kali lipat.
Saben dino klinik iku rame terus gara2 slogane menjanjikan, tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras, durung tau ono pasien sing komplain, gara2 gak waras.

Weruh ngono Brodin iseng2 pingin berobat mrono, ben klinike gak iso nangani, duwite iso mbalik 5 kali lipat.
Deweke ngarang penyakit sing kiro2 aneh, sing wong durung tau krungu.

Brodin : "Bib, aku iki kok duwe penyakit aneh yo?"

Tabib : "Penyakit opo cak?"

Brodin : "Iki loh bib, aku ben mangan, cangkemku kok gak kroso opo2. Pedes, asin, legi, gak kroso blas"

Tabib : "Owalah, iki ngono penyakit guampang diwarasno. Mei Lien, tulung jupukno obat nomer 7"

Tabib : "Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo gak?"

Brodin (Aku pura2 gak kroso opo2 ah ben duwit'e iso mbalik), bareng diombe       Brodin keceplosan : "Jiancokkkk, iki ngono duduk obat Bib, tapi telek petik??''

Tabib : "Wah, berarti koen wis waras, cangkemmu wis isok ngrasakno telek pitik barang"

Akhire Brodin mulih karo nggremeng gak mari2.

Minggu ngarepe Brodin iseng2 maneh, pingin berobat nang klinik TONGPES.

Brodin: "Bib, aku duwe penyakit aneh"

Tabib : "Opo maneh sakitmu iku?"

Brodin : "Ngene Bib. Aku akhir2 iki kok gampang lalian. Jek tas 5 menit ngomong, wis lali sing diomongno''

Tabib : "Walaaah...gampang iku."

Brodin merinding gak karuan.

Tabib : "Mei Lien, tulung jupukno obat nomer 7"

Brodin : "Bib ojok guyonan ta, aku emoh nek obat nomer 7 maneh"

Tabib : "Lha opo'o?"

Brodin (spontan) : "Iku dudu obat, tapi telek pitik"

Tabib : "Lah iku koen eling, berarti penyakitmu wis waras!!!
Brodin : "Wis Bib, gak sudi aku gak katene berobat maneh. Mosok saben nang kene disuguhi telek pitik!!! 🐥🐥🐥